Gatekna ukara ing ngisor iki !
- Mbak Tri, apa kowe sida lunga menyang Jakarta ?
- Nak Ratna,saiki panjenengan ngasta ana ngendi ?
- Ukara A iku kalebu ukara kang nganggo Basa Ngoko Lugu, tegese kabeh wujude nganggo tembung ngoko.
- Dene ukara B iku kalebu ukara kang nganggo Basa Ngoko Alus, tegese wujude basa ngoko kacampuran krama inggil. Dene titikane Basa Ngoko Alus yaiku:
- ater-ater utawa panambang (di/ake) tetep ngoko
- kowe owah dadi panjenengan
- tembung kriya (kata kerja) tumrap wong kang diajak guneman nganggo basa krama inggil
- Barang darbeke wong kang diajak guneman utawa sing digunem (diomongkake) uga nganggo basa krama inggil
Ukara-ukara ing ngisor iki owahana nganggo Basa Ngoko Alus!
- Wingi bengi bapak lagi mangan sate
- Jarene Simbah kakung aku kudu sregep sinau kareben pinter
- Amarga ketatap meja tangane bapak dadi abuh
- Nalika Pak guru ngadeg ing ngarep kelas aku banjur lungguh ing kursi
- Bapak Bupati lagi ngundang para kepala sekolah ing pendhapa Kabupaten Blora
- Merga untune simbah lara mula dheweke ora gelem mangan
- Mau bengi aku turu jam sanga dene bapak turu jam sewelas
- Pak Bandi klilipen awu mula mripate katon abang mbranang
- Bapak teka saka Semarang jam sanga bengi banjur lungguh ing kursi
- Bu guru omahe adoh saka sekolahan mula budhale mesthi rada esuk