Teks berita adalah teks yang berisi peristiwa terkini atau aktual. Berita biasa kita temukan di surat kabat atau koran, televisi, majalah, radio, dan media online. Di surat kabar, majalah, dan media online, berita berbentuk tulisan atau teks. Sementara di radio, berita dibacakan secara lisan. Di televisi, berita juga dibacakan dan disertakan visual rekaman atau ilustrasi atas peristiwa yang dilaporkan.
Pawarta merupakan sebuah arti kata dari berita dalam bahasa jawa. Sama halnya dengan berita pawarta memiliki tujuan mengabarkan/ memberitahukan/ menceritakan tentang sebuah kejadian/ peristiwa yang terjadi.
Adapun pengertian pawarta dalam bahasa jawa dapat kita simpulkan sebagi berikut:
Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.
Wujude pawarta bisa arupa lesan lan bisa arupa tulisan.
Pawarta sing arupa lesan iku biasane digiyarake lumantar radio, TV, internet utawa waca lugas, dene yen pawarta sing arupa tulisan lumrahe kapacak ana ing ariwarti,kalawarti lsp
Ing ngisor iki tuladha Berita utawa pawarta sing digiyarake lumatar radio.
Semaken pawarta ing ngisor iki!
Para pamiyarsa.
Sugeng enjing, sugeng pepanggihan kaliyan giyaran pawarta bahasa Jawi lumantar radhiyo Nuswantara, radhiyo karemenan kita sedaya. Kanthi katiti mangsa dinten Selasa Kliwon, 11 Desember 2018.
Para Pamiyarsa
Kanggenipun warga Kabupaten Blora bilih dinten sakpunika dinten kalebet dinten ingkang wigati sanget, amargi dinten Selasa Kliwon sakpunika dinten adegipun utawi jumenengipun kitha Blora ingkang kaping 269 warsa. Para warga sakukuban Kabupaten Blora kadhawuhaken pasang bendera abrit pethak saklaminipun 5 dinten, kawiwitan tanggal 1 Desember ngantos 31 Desember 2018.
Kangge mahargya adegipun Kabupaten Blora ingkang kaping 269 warsa punika, Kabupaten Blora dening pamarentah Kabupaten Blora mundhut irah-irahan BLORA JIWA NUSANTARA. Sedaya intansi pamarentah wiwit saking dhusun ngantos kitha sami masang banner ingkang seratanipun sami inggih punika Blora Jiwa Nusantara.
Para Pamiyarsa.
Dinten samangke Bapak Bupati Blora badhe ngawontenaken kirab budhaya ingkang badhe dipunwiwiti tabuh 08.00 WIB kanthi lumampah kawiwitan saking Pendapa Kabupaten Blora ngantos Blok T, ingkang udakawis tebihipun 1,5 kilometer. Kathah para pangarsa pangembating praja ingkang sami ndherek kirab budhaya punika. Para warga Kabupaten Blora ugi boten kantun sami tumpleg bleg mirsani kirab budhaya punika.
( Kapethik www.blorakab.go.id)
Tegese tembung :
- Pamiyarsa : pangrungu (pendengar)
- Giyaran : siaran lewat radhiyo
- lumantar : lewat sarana
- Pepanggihan : ketemuan
- adegipun : ngadege, dadine
- warsa : taun
- kukuban : wilayah, dhaerah
- mahargya : ngramekake, meriahake
- kirab : baris bebarengan kanggo mangayubya
- pangembating praja : pejabat, pegawe pamarentah
Demikian tadi materi tentang pawarta atau berita ,semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….