Assalamualaikum Wr.Wb
Selamat bertemu kembali dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.
Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan membahas tentang cerita pengalaman pribadi .
PREINAN SEMESTERAN
Preinan semesteran wingi kae aku menyang daleme simbah. Aku, adhiku, bapak lan ibuku bareng-bareng menyang daleme simbah. Daleme simbah ing desa adoh saka kutha. Simbah kagungan ingon-ingon akeh kaya ta kelinci, menthok, pitik lan banyak. Malah ing mburine daleme simbah ana blumbange kanggo ingon-ingon lele.
Mula ing kana yen mung lawuh wae kari milih, endhog pitik, endhog menthok, apa endhog banyak. Yen daging, dading kelinci, menthok, pitik apa malah daging banyak. Wis cekake milih sasenenge.
Ora mung bab ingon-ingon, bab tanduran uga komplit. Pelem, jambu, salak, rambutan, gedhang lan akeh banget woh-wohan liyane. Ing kana aku seneng banget bisa milih woh-wohan kang daksenngi.
Seminggu lawase aku dijak bali bapak lan ibu. Aku diparingi sangu simbah, Pak Dhe lan Pak Lik. Aku diparingi kelinci simbah arep dakingu ing omah.
Wangsulana Pitakon ing ngisor iki !
- Sapa kang crita ?
- Isine crita bab apa ?
- Sing crita iku anak nomer pira ?
- Sing crita diparingi sangu sapa wae ?
- Sing crita bali nggawa apa ?
Demikian tadi contoh dari cerita pengalaman pribadi, setelah kalian membaca teks bacaan tersebut kalian harus bisa menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan teks tersebut, di samping itu kalian harus bisa bercerita tentang pengalaman pribadimu.
Demikian tadi cerita tentang pengalaman pribadi, semoga bermanfaat untuk kita semua dan semoga Bahasa Jawa tetap lestari dan langgeng sepanjang masa. aamiin … .
bagus sekali bisa membantu pengajaran