Assalamualaikum Wr.Wb
Selamat bertemu kembali dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.
Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan membahas tembung yogyaswara.
Apa yang di maksud tembung yogyaswara dan apa saja contohnya? mari di simak artikel di bawah ini!
Tembung itu kalau dalam Bahasa Indonesia berarti ” kata “.
Tembung Yogyaswara yaitu dua kata, kata yang depan (pertama), huruf terakhirnya huruf “a” sedangkan kata yang kedua, huruf terakhirnya “i” yang artinya kata pertama artinya laki-laki, sedangkan kata yang kedua artinya perempuan.
Contoh : Putra-putri
Kata putra-putri : kata putra dan putri itu hampir sama, bedanya huruf “a” dan “i” yang membedakan kalau huruf” a” artinya laki-laki, sedangkan huruf”i” artinya perempuan. Jadi kata putra itu artinya anak laki-laki sedangkan putri itu artinya anak perempuan.
Tembung Yogyaswara yaiku tembung loro, tembung sing ngarep tiba swara a , tembung sing mburi tiba swara i , sing tegese lanang lan wadon.
Tuladha :
- Putra-putri : tembung putra lan putri iku meh padha, bedane a lan i kang mbedakake yen “a” lanang yen “i” wadon. dadi tembung putra iku tegese anak lanang, yen putri iku tegese anak wadon.
- Mudha-mudhi : tembung mudha tegese bocah enom lanang dene yen mudhi tegese bocah enom wadon.
Tuladha Tembung Yogyaswara liyane :
- Dewa-dewi
- Widadara-widadari
- Bethara-bethari
- Mahasiswa-mahasiswi
- Siswa-siswi
- Gandarwa-gandarwi
- Kedhana-kedhini
- Hapsara-hapsari
- Raseksa-raseksi
- Yaksa-yaksi
- Prameswara-prameswari
- Pemudha-pemudhi
Sanadyan tembung Yogyaswara iku tembung sing ngarep tiba swara “a” lan tembung sing mburi tiba swara “i” nanging ora kabeh tembung bisa kalebu tembung yogyaswara.
Tembung sing ora kalebu tembung yogyaswara tuladhane :
- ontang-anting
- bola-bali
- muna-muni
- nova-novi
- suprapta-suprapti
- lan sapanunggalane.
Demikian tadi sedikit materi tentang tembung yogyaswara dan contohnya ,semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….