Nyandra iku tegese nggambarake/nyritakake panggonan/negara, kahanane swasana, kahanane mangsa, utawa kahanane solah bawa nganggo pepindhan kanthi tembung lir, kadya, pindha, kaya, utawi kadi.
Tuladha :
Bun-bun sumunar pating karelip lir mirah retna sinebar
(Bun-bun sunare padha pating krelip kaya mutiara disebar)
SRENGENGE JUMEDHUL (MLETHEK)
Swarane jago kluruk rame kapiyarsi. Jagad wetan tronthong-tronthong sumilak abang sumamburat maya-maya ing imbanging cakrawala kaprabawan prabane Hyang Rawi kang arsa murwani ngratoni jagad raya.
Lawa kalong kekalangan anggolong tumiling samar-samar jrih karahinan saliweran luru pandhelikan. Ocehing kukila sesauran esthining sedya asung pepuji mring Kang Murbeng Dumadi sarta manembrama mring Hyang Arka kang ratuning bawana ing mangsa raina. Ing karang padesan para among tani lanang wadon wiwit obah arsa miwiti nambut kardi netepi kuwajibane kanggo nyukupi kulawargane.
Sapandurat Syang Hyang Pratanggapati wus ambabar cahyane, katon gumebyar nyunari bawana. Bun-bun ing ara-ara sumunar pating karelap, pating karelip lir mirah retna sinebar, sumirat agilar-gilar, katiup ing samirana mentul-mentul kadya angawe-awe minta ingagema.
(Kapethik saka Wani Basa 3 hlm. 35)
REMBULAN ANDHADHARI
Ing tancebing langit ing sisih wetan katingal cahya amancorong, anyoroti sawarnaning mega lelapisan, saweneh wonten ingkang abrit mereh-mereh, wonten ingkang jene sepuh kados mas sinangling, wonten ingkang kapuranta, saha wonten ingkang pethak memplak, kados-kados minangka sumber asaling sorot wau sadaya, jer sakiwa tengenipun katingal cetha ngegla, tandha bilih pancen punika wau saestu ingkang nyata suka papadhang, suka lejar ing manah dhateng song sintena ingkang purun ngraosaken dhateng endah edining bawana.
Punapa ta ingkang njalari wontenipun cahya endah-edi marakata punika. Boten sanes inggih punika badhe jumedhulipun sang sitaresmi, jumedhul angleresi wulan purnama. Saya sakedhik dangu pasuryanipun sang Hyang Badra saya ngalela wetah cetha wela-wela andedel mumbul, sakedhap-sakedhap kasaput ing mega sawatawis, katingal surem-surem adamel lam-laming manah. Sareng mega ingkang nutupi wau kabuncang ing samirana aris, sang Hyang Wulan katingal sumeblak mencorong madhangi jagad raya, anggelar praba cahyanipun mancur semirat, kados-kados anggentosi kalenggahanipun sang Hyang Praptanggapati ingkang nembe kemawon jengkar sumilem ing dhasaring bumi ing imbange pracima.
(Saking: Cariyos Kekesahan saking Tanah Jawi dheteng Nagari Walandi, dening R.M.A. Suryosuparta)
Candrane perangane awak kang becik (putri endah warnane) ing ngisor iki ganepna!
- Pamidhangan ( pundhak) :
- Wadana( rai) :
- Sinome :
- Athi-athi :
- Kethegan(janggut) :
- Jangga(gulu) :
- Imba(alis) :
- Sarira jenar(kuning) :
- Pangarasan(pipi) :
- Pamekak(bangkekan) :
Candrane solah bawa lan liya-liyane ing ngisor iki ganepana !
- Kagyating manah :
- Baguse :
- Ayune :
- Bungahe :
- Lembehane :
- Rukune :
- Abote :
- Polatane :
- Pangamuke :
- Antenge :
- Sumbare :
- Tentreme atine :