Tembung Tanduk yaiku tembung lingga kang oleh ater  – ater anuswara ( an.am,ang,any).

Tuladha :

  • Margiyanti ( tandur ) kembang ing ngarep omah.  yen didadekake rimbag tanduk dadi : Margiyanti nandur kembang ing ngarep omah.
  • Pak Bambang ( gambar ) wayang ana ing kanvas. yen didadekake rimbag tanduk dadi :    Pak Bambang nggambar wayang ana ing kanvas.

Tembung kang kakurung ing ngisor iki dadekna rimbag tanduk kang bener kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Aku didhawuhi bapak ( eter ) adhiku menyang masjid.
  2. Aja seneng ( printah) wong liya, yen bisa nglakoni dhewe.
  3. Ardi kae kerep banget (tuku) jajan Hendra.
  4. Yen duwe sangu akeh apike dicelengi, aja seneng (jajan).
  5. Sing piket kudu (resik) ruang kelas.
  6. Saben Minggu bocah-bocah padha gladhen (joged) ing pendhapa.
  7. Wong tuwa kuwi bisane mung (kandha) marang wong kang luwih enom.
  8. Ibu nembe (setrika) klambine adhik.
  9. Bapak (priksa) pagelaran wayang kulit ing alun-alun Blora.
  10. Yen (seleh) barang aja saenggon-enggon ! mengko gampang rusak.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!