
Bab- bab kang perlu digatekake kanggo ngetrapake unggah-umgguhing basa, supaya ora salang-surup yen arep ngurmati marang sapa kang arep diajak wawan pangandikan.
- Umur.
Wong kang umure luwih enom lumrahe kudu ngurmati wong umure luwih tuwa. Umur iku ora bisa digawe apadene dijaluk iki mono wis kodrate Gusti kang Maha Wikan
- Paprenahan.
Wong kang awune luwih enom kudu ngurmati sedulur kang awune luwih tuwa. Prapenahan uga ora bisa dijaluk lan diselaki uga wis dadi kodrate Gusti Kang Maha Agung
Tuladhane : adhi ngurmati kakang, mbakyu. Anak ngurmati bapak ibu, putu ngurmati embah, keponakan ngurmati paman, bibi.lsp.
- Drajad Pangkat. Tuladhane murid ngurmati guru, pegawe ngurmati pangarsane, warga pakumpulan ngurmati ketuane, lsp.
- Drajat-Semat. Tuladhane wong lumrah ngurmati marang kang sugih bandhane.
- Luhuring Pribadi, Tuladhane para wong pinter, pahlawan, kyai, Seniman, lsp kudu dihurmati.
- Tetepangan, tuladhane wong kang durung tepung, durung pati tepung, lsp ya kudu dihurmati.
Tuladha pacelathon bocah enom marang wong sing luwih tuwa :
Takon Marang Wong Tuwa
Takon marang wong tuwa utawa wong kang dituwakake utawa wong kang kudune diajeni kudu nganggo basa krama alus .
Tuladha :
Upama ketemu wong tuwa banjur takon :
1. Ajeng teng pundi Pak ?
2. Badhe dhateng pundi Pak ?
3. Badhe tindak pundi Pak ?
Ukara pitakon kang nomer siji iku basane kurang trep jalaran nganggo basa krama lugu, sing trep kudune nganggo basa krama alus kaya ukara nomer loro utawa telu.
TULADHA PACELATHON
TEPANG KAJAT
BAGYO : “Kula nuwun“ !
PAK SANTOSO : “Mangga ! Sinten, nggih? mlebet!“
BAGYO : “Kula, Bagyo, Pak“
PAK SANTOSO : “O, kowe ta, Bag. Kene-kene lungguh kene cah bagus. Ana apa, kadingaren?“
BAGYO : “Inggih Pak anggen kula ngriki, dipundhawuhi Lik Sarno“
PAK SANTOSO : “Lhoh didhawuhi apa?“
BAGYO : “Pak Santoso dipunaturi kajatan wonten dalemipun Lik Sarno!“
PAK SANTOSO : “ Ing daleme Lik Sarno, ana perlu apa?”
BAGYO : “ Wilujengan badhe kagungan kersa netakaken putranipun, Anindhiya“.
PAK SANTOSO : “Nyunatake Anindhiya, putrane sing ragil kae?”
BAGYO : “Inggih leres Pak.”
PAK SANTOSO : “Lha kajatane mengko jam pira?”
BAGYO : “Mangke sabibaripun Maghrib, Pak“.
PAK SANTOSO : “O, Ya.., ya, Bag“.
BAGYO : “Sampun Pak Santoso, kepareng nyuwun pamit“.
PAK SANTOSO : “Ya..sing ngati-ati!”