Sesanti tegese unen-unen utawa tetembungan kang ngemu surasa pitutur tumraping urip bebrayan.

Tuladhane Sesanti :
1.       Ajining dhiri dhumunung aneng lathi, ajine sarira dumunung aneng busana
Tegese wong urip ing bebrayan iku di urmati lan ora gumantung marang wicarane lan nyandhang panganggone saben dinane.
2.       Alon-alon waton kelakon
Tegese senajan sarwa sareh anggone tumindak nanging pikoleh/katekan kang di sedya/di karepake.
3.       Ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa tut wuri handayani
Tegese pengarep kang bener iku ing ngarep bisa nenuntun kanthi aweh tuladha kang becik,nggrengsengake tekad(semangat)yen ana kalangane andhahane,lan tut buri kanthi nduweni daya prabawa.
4.       Jer basuki mawa beya
Tegese bab kang apik /nyenengake iku mesthi mbutuhake pangorbanan/ragat.
5.       Rumangsa handarbeni wajib ngrungkepi
Tegese yen rumangsa nduweni kudu gelem ngreksa /njaga.
6.       Rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Tegese karukunan iku bisa marakake kuwat(santosa),nanging manawa cecongkrahan bisa ndadekake ringkih/rusak.
7.       Sedumuk bathuk sanyari bumi
Tegese padudon/tukar padu prakara wong wadon utawa palemahan iku di labuhi toh pati/tumekane pati.
8.       Sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake
Tegese nindakake ayahan kanthi tumemen ing babagan panggulawenthah tumprape bebrayan bakal antukpamareming lair lan batin sarta kajen keringan.
9.       Sura dira jayadiningrat lebur dening pangastuti
Tegese mubaling kanepson(amarah) kang katone bisa ngoregake jagad,adate bisa luluh dening solah tingkah kang linambaran rasa bekti lan tresna asih.
10.    Yen kepingin mulya kudu wani rekasa
Tegese kamulyan iku bisane klakon kudu di lambari laku prihatin ( kudu gelem kangelan )

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!