Rimbag Hagnya

Rimbag hagnya yaiku sakabehing tembung kang oleh panambang a, na, ana, utawa en kang duwe surasaprentah.

Tuladha :

  1. Gus, nganggoa jaket ben ora kadhemen!
  2. Susi, ibu tukokna amplop !
  3. Darti, bapak tulisna layang kanggo bakyumu!
  4. Yuyun, jogane saponana ben resik!
  5. Beti, buku ing dhuwur meja iku gawanen mrene.

Rimbag Sambawa

Rimbag sambawa yaiku sakabehing tembung lingga kang oleh panambang a, na utawa ana kang duwe surasa upama, sanadyan, pangarep-arep, muga-muga, utawa mokal.

Tuladha:

  • Duwea dhuwit kowe dakjajakake

(umpama duwe)

  • Dak tukokna jajan adhimu mesti seneng

(umpama dak tukokake)

  • Ko pakanana akeh wong ora koombeni sapimu yaora lemu-lemu.

(sanadyan ko pakani)

  • Mengko sore udana sing deres sawahku ben agung

(pangarep-arep supaya udan)

  • Bapak rawuha, arep dak suwuni dhuwit

(muga-muga rawuh)

  • Kowe maneh bisaa nggarap, Jaka bae sing pinter ora bisa.

(mokal yen bisa)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!