Ing ngendi wae ana tata krama. Mung wae kudu eling papan siji karo sijine, desa siji karo desa liyane, kutha kae karo kutha anu, nagara kana karo nagara kene. Ora kabeh padha. Diunekake desa mawa cara, nagara mawa tata. Salin enggon salin kadhaton. “Lain lading lain belalang, lain lubuk lain ikannya.”

Ana tata krama kang mung kanggo ing papan winates. Ana tata krama kang kanggo ing bebrayan umum. Ana tata krama kang kanggo wong sejagad.

Ngecakake tata krama kuwi kudu empan papan. Ngelingi papane, ngelingi situasi lan kondhisine. Ora kena digebyah uyah wae.

Uga ngelingi wektune, dicocogake karo kala mangsane. Nuting jaman kalakone. Diunekake salin jaman salin tatanan. Kang saiki ala bisa uga besuk kalebu becik.

Tuladha-tuladha : Dhek biyen wong mangan karo omong iku ora tata. Ing jaman saiki lumrah wae wong mangan karo omong. Biyen bocah utawa wong enom ora diparengake mangan brutu. Saiki bocah, wong enom, wong tuwa padha wae, mangan brutu sasenenge dhewe-dhewe. Biyen bocah sekolah lungguh bangku ngrungokake lan migatekake wulangane Bapak lan Ibu Guru tangane sedheku. Saiki? Bebas nanging tertib. Biyen wong mlaku liwat cedhak kraton ndingkluk lan meneng. Saiki malah padha guneman karo menga-mengo ndeleng mrana-mrene.

Mesthi wae ana bab-bab liya kang biyen ala, saiki iya ala, lan becik uga dianggep tetep becik. Upama bab dhemen weweh, dhemen mitulangi.

Nindakake tata krama kuwi padha karo nggunakake pangati-ati, duga prayoga. Kabeh tumindaking urip kuwi kudu nganggo deduga, prayoga, watara, reringa, pangira-ira, pangati-ati, weweka. Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV ( jumeneng 1788-1820 ) ing buku karyane Wulangreh paring pangandika manawa duga prayoga iku katindakake yen pinuju apa wae. Lungguh, ngadeg, mlaku, guneman, meneng, turu, tangi. Duga prayoga iku pirantining urip kang ora kena ditinggal, mesthi digawa, mesthi diengg

Tembang Pangkur bisa kanggo mulang marang siswa-siswi, unine mangkene:

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng anendra

Ringa-ringa aywa lali

Cekake, urip nganggo duga prayoga, urip nganggo tata krama.

Tegese Tembung :

  1. winates  = diwatesi
  2. bebrayan  = masyarakat
  3. silib = tindak ora bener; slingkuh
  4. reringa = pangati-ati;pangira-ira; panimbang
  5. weweka = pangati-ati
  6. myang = lan
  7. awya = aja
  8. anendra  = turu

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!