Mulat sarina hangrasa wani iku petikan saka serat Radyaprawita anggitane R. Ng. Tjitroprakosa. Dene jangkepe kaya mangkene : 1) Mulat sarira hangrasa wani, 2) Padha melu handarbeni, 3) Wajib hanggondheli praja, piwulang werna telu iku diarani tridharma iku dadi gegebengane wong sa-mangkunegara.
Wondene jlentrehe tridharma yaiku :
Mulat sarira hangrasa wani minangka sengkalan konduripun Pengeran Mangkunagara menyang Surakarta ( 1682 ). Kajaba iku uga ngandhut piwulang kang becik, yaiku wani nglungguhake awake dhewe manut kahanane. Upamane yen negarane lagi nemoni kahanan kang sarwa kepenak kaya unen-unen gemah ripah loh jinawi, ayem tentrem kerta raharja, padha dirasakake bareng-bareng. Lan kosok baline yen negarane nemoni kahanan kang sarwa ora kepenak kudu wani nyangga rekasane bareng-bareng. Yen diringkes dadi wani mulya kudu wani rekasa.
Padha melu handarbeni tegese padha rumangsan nduweni negara. Yen duwe lelandhesan rumangsa nduweni anggone ngreksa, mbela, labuh marang negara mesthi kanthi tumemen, tur ora nduweni rasa rugi.
Wajib anggondheli praja tegese : samangsa ana kang bakal ngrusak negara kudu wani mbelani nganti tumekaning pati.
Piwulang Tridharma iku uga cocok kanggo para siswa lire mangkene :
- Mulat sarira hangrasa wani : supaya sekolahane supaya dadi sekolah kang unggul para siswa kudu sregep njaga karesikan, sregep sinau lan disiplin.
- Padha melu handarbeni : anggone ngrumat sekolahane kudu kaya duweke dhewe.
- Wajib anggondheli praja : Yen ana sing gawe rusak, utawa gawe kuceme sekolahan ora kena mung nggegem tangan kudu wani mbelani.
Tegese Tembung :
- Mulat : nonton,ndeleng,nyawang
- Sarira : badan/awak
- Hangrasa : krasa/rumangsa
- Handarbeni : duwe/nduweni
- Hanggondheli praja : nggandhuli praja
- Sengkalan : cathetan angkaning tahun
- Ngreksa : njaga/ngrumat
- Labuh : mbela
- Gemah ripah loh jinawi : kahanan kang sarwa subur makmur.
- Ayem tentrem kerta raharja : kahanan kang ayem tentrem.