Assalamualaikum Wr.Wb

Selamat bertemu kembali  dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.

Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan bersama-sama membahas materi tentang Arane Pagawean.

Arane  pagawean atau nama pekerjaan adalah istiah dalam Bahasa jawa untuk menyebut sebuah profesi atau pekerjaan. Aran utawa jeneng  memiliki arti nama dan pagawean memilik arti pekerjaan. Jadi jika digabung adalah nama pekerjaan.

Arane pagawean atau jenenge pagawean dalam bahasa jawa mempunyai istilah tersendiri. Seperti halnya dalam Bahasa Indonesia . Istilah nama pekerjaan ini bisa dijadikan tanda atau pengetahuan jenis pekerjaan apa yang di tekuni.

Arane pagawean utawa jinise pagawean dalam basa jawa lan keterangane.

  1. Algojo: tukang midana pati/ngukum kisas
  2. Babu: réwangé balé somah
  3. Bajag: wong sing gawéyané mbégal ing segara
  4. Bakul: wong sing gawéyané dodolan
  5. Batur: wong sing gawéyané ngrwong sing gawéyané wangi wong
  6. Begal: wong sing gawéyané ngrebut barangv wong
  7. Bendung: wong sing gawéyané mbendung banyu
  8. Blandhong: tukang negor kayu
  9. Blantik: bakul kéwan rajakaya
  10. Buruh: wong sing nyambut gawé kasar
  11. Cantrik: abdiné pandhita ngiras dadi muridé
  12. Carik: juru tulis ing kalurahan
  13. Dhalang: wong sing gawéyané nglakokaké lan crita wayang
  14. Dhokter:Tukang nambani wong lara
  15. Emban: tukang momong bocah
  16. Empu: tukang gawé keris
  17. Gamel: tukang ngopeni jaran
  18. Gandhek: utusan ratu kang pakaryane nglantarake dhawuh-dhawuh dalem/nawala
  19. Gemblak:Tukang gawé barang-barang saka kuningan
  20. Gerji: tukang dondom klambi
  21. Germa: tukang buru kéwan ing alas
  22. Guru: wong sing gawéné mulang
  23. Jagal: tukang mbeleh rajakaya
  24. Jlagra: tukang natah watu
  25. Juragan: sudagar, lurahé pakaryan
  26. Juru basa: tukang negesi basa manca
  27. Juru dang: tukang dang
  28. Juru kunci: tukang ngrumat pasareyan utawa kramat
  29. Juru tambang: tukang prau utawa gethek ing kali
  30. Juru silem: wong sing gawéyané nyilem
  31. Juru sungging: wong sing pinter nyungging (nggambar)
  32. Juru terbang: wong sing gawéyané nglakokaké montor mabur
  33. Juru tulis: wong sing gawéyané nulis
  34. Kemasan:tukang gawé dandanan saka emas
  35. Koki: tukang olah-olah
  36. kondhektur:tukang nariki lan mriksa karcis
  37. Kundhi: tukang gawé grabah
  38. Kusir: tukang nglakokaké dhokar utawa kréta
  39. Kyai: wong sing pinter agama Islam
  40. Madhaharan: juru olah-olah
  41. Malang:pulisi désa
  42. Mandhor:tukang ngawasi buruh
  43. Masinis:tukang nglakokaké sepur
  44. Merbot: punggawa masjid/tukang nabuh bedhug
  45. Molang: bakul rajakaya
  46. Montir: tukang ndandani mesin
  47. Mranggi: tukang gawé wrangka
  48. Niyaga, wiyaga: tukang nabuh gamelan
  49. Pakathik: tukang nuntun jaran
  50. Pacalang: prajurit sing gawéyané ngulataké lakuné musuh
  51. Palara-lara: para nyai cilik
  52. Palayangan: tukang ngeterké layang
  53. Pandhé: tukang gawé barang-barang saka wesi
  54. Panegar: tukang ngajari jaran
  55. Panjak:tukang ngladèni pandhé utawa niyaga
  56. Pangobèng: wong buruh mbathik
  57. Para: bakul mas inten
  58. Parekan: para nyai sing ketengen
  59. Pasindhèn: wong sing nyindhèni gamelan
  60. Pawongan: batur wadon
  61. Prajurit: wong sing gawéyané béla negara
  62. Pramugari: tukang ngladèni penumpang pesawat
  63. Pujangga: ahli sastra, tukang ngarang
  64. Sarawèdi: tukang adol utawa nggosok barléyan inten
  65. Sayang: tukang gawé barang saka tembaga
  66. Sekater: tukang naksir rega ing gadhèn
  67. Sinoman: nom-noman tukang laden
  68. Sontoloyo : tukang angon bebek
  69. Srati: tukang ngrumat gajah
  70. Sedagar: wong dagang gedhé
  71. Supir: tukang nglakokaké montor
  72. Tuwa buru: abdiné germa
  73. Undhagi: tukang kayu

Demikian tadi sedikit pembahasan tentang materi  tentang arane pagawean atau nama pekerjaan, semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!