Gatekna ukara ing ngisor iki !

  • Maca sing becik kudu sinambung (ora satembung-satembung).
  • Tembung sinambung asale saka tembung lingga sambung + -in- = sinambung
  • Tembung lingga kang oleh seselan -in- kaya ngene iki karan rimbag tanggap Na

Dene pangrimbage kaya mangkene :

1.Tembung lingga kang apurwa akasara suwara (Vokal) seselan –in- malih dadi ing mapan ing wanda

Tuladha;

Antem : ingantem

Obong : ingobong

Idak : ingidak          

Edum : ingedum

Undang : ingundang

2.Tembung lingga kang apurwa aksara suwara (konsonan) seselan –in- katulis ing samburine purwaning

Tuladha :

Jambak : jinambak

Suduk : sinuduk

Gambar : ginambar

Tembung kang kakurung wenehana seselan –in- !

  1. Bocah kembar kuwi rupane kaya jambe (sigar ) (……………………………………. )
  2. Satriya sakloron padha ngunus pusaka banjur ( suduk-suduk ) (……………………………………. )
  3. Gunung iku yen (sawang) (……………………….. ) saka kadohan endah banget.
  4. Kagete aku kaya (samber) (…………………………………… ) gelap sayuta.
  5. Jaman saiki wis arang banget crita kang (tulis) (…………………….. ) nganggo aksara
  6. Rikmane Dewi Srikandi (elus-elus) (……………………………. ) Raden Janaka.
  7. Wong urip iku kudu (tulung-tulung) (……………………………………………. ) .
  8. Rikma ingkang panjang menika saenipun (ukel) (……………………………. )
  9. Budhale wadya bala Kurawa (tindhihan) ( …………………..) Adipati Karno.
  10. Yen kepengin dadi wong (luwih) ( …………………….)  kudu akeh tirakate.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!