Rama, Sinta lan Lesmana ngumbara ing alas gung liwang liwung. Saya manengah, saya manengah anggone luru panggonan kang kepenak kanggo leren. Nalika Rama misah golek woh-wohan kanggo nambani rasa luwene dumadakan ana raseksi aran Sarpakenaka saka negara Ngalengka. Raseksi kuwi kepencut karo kebagusane Rama, nanging Rama ora nanggapi. Raseksi iku tetep ora lunga saka alas kono. Pinuju Lesmana ijen tanpa rowang uga dicedhaki, nanging Lesmana uga ora nglanggati. Sarpakenaka banjur muring Lesmana dikrayah, dicokot irunge. Sarpakenaka banjur bali menyang Ngalengka.

       Satekane negara Ngalengka dheweke banjur matur karo rakane Rahwana, uga kasebut Dasamuka yen dheweke dirudaparipeksa karo Rama lan Lesmana. Dheweke uga nyritakake yen Rama duwe garwa sing ayu rupane. Bareng erntuk palapuran kaya mangkono iku Rahwana banjur ngajak Kala Marica nyatakake lapurane Sarpakenaka.

       Tekan alas Rahwana nyawang saka ndhuwur ana pawongan telu Rama, Sinta, lan Lesmana. “Wah bener apa sing dikandhakake Sarpakenaka, Sinta pancen ayu tenan. Mendahna yen aku bisa nggarwa Sinta.” Ngono batine Rahwana.

        Wiwit iku Rahwana nduweni tekad kepengin nyolong Sinta. Mula banjur ngreka supaya wong telu iku pisah sebab mokal bisa nyolong Sinta lamun  wong telu iku tansah kumpul.

“Kala Marica, kepriye supaya Sinta bisa ingsun colong?” Pitakone Rahwana marang Kala Marica.

“Kedah pun pisahaken rumiyin Sinuwun.”

“Lha terus carane kepriye?” Pitakone Rahwana.

“Gampil Sinuwun, kula badhe memba dados Kidang Kencana, supados Sinta kepencut. Menawi sampun kepencut temtu Rama badhe mbujung Kidang Kencana.”

“Ha…ha… julik tenan kowe, Kala Marica.” Rahwana seneng atine.

“ Ora rugi ingsun ngajak kowe. Ya wis ndang budhala. Ha…ha…..”

          Kala Marica memba dadi Kidang Kencana jan jebles kaya kidang, mlayu mlumpat-mlumpat nyedhaki papan panggonane Sinta. Ulese kuning kaya emas kesorot sunare srengenge kaya murup. Weruh kaya mangkono Sinta kaged, nyawang Kidang Kencana.  Kidang ora saya ngadoh malah saya nyedhak, kaya-kaya ora wedi yen dicekel wong.  Banget anggone kepingin nyekel Kidang iku banjur nyuwun karo Rama supaya dicekelne Kidang Kencana iku.

“Kakang Mas, mendah senenge atiku, lamun aku bisa nyekel lan ngingu Kidang Kencana iku.”

“Diajeng, yen iku karepmu. Kidang Kencana bakal dakcekel kanggo sliramu. Nanging welingku sliramu apa dene Dimas Lesmana aja nganti metu saka pager iki”

       Rama banjur mbujung Kidang Kencana iku, saya adoh-saya adoh. Bareng wis adoh keprungu suwara :“Lesmana tulungi aku!”“Lesmana tulungi aku!“Lesmana tulungi aku! Suwara iku keprungu Sinta lan Lesman. Sinta banjur age-age ngakon Lesmana nulungi Rama kang njaluk tulung. Lesmana bener-bener ngerti yen iku dudu swarane  Rama. Nanging Sinta tetep nganggep yen iku swarane Rama. Lesmana banjur budhal.

      Rama kaged, Kidang Kencana iku bakal maeka dheweke, banjur age-age bali menyang papan panggonane Sinta lan Lesmana. Jebul ketemu Lesmana ing tengah dalan. Kekarone padha enggal-enggal bali ing papan panggonane Sinta. Bebasan kaya disamber bledhek, Sinta wis ilang.

     Rama lan Lesmana banjur nggoleki ing sakiwa tengene alas kono ing dalan ketemu Manuk Jatayu sing sekarat. Manuk iku mau lagi wae perang mungsuh Rahwana amarga arep njaluk Sinta sing dicolong. Saka critane manuk Jatayu kuwi Rama ngerti yen Sinta dicolong Rahwana. Manuk Jatayu mati muksa, dene rama lan Lesmana mbacutake laku nggoleki Sinta.

Tegese Tembung :

  1. Ngumbara : Lelungan pindhah-pindhah (mengembara)
  2. Gung liwang liwung : Sepi, ora ana wong, ora tau diambah wong
  3. Raseksi : Buta wadon
  4. kepencut : Kedanan, kesengsem, katut
  5. Rowang : Kanca, batur, rewang
  6. Nglanggati : Nuruti, nanggapi
  7. Dirudaparipeksa : Nuruti, nanggapi
  8. Mokal : ora bakal klakon
  9. Lamun : yen
  10. Kidang kencana : kidang emas
  11. Memba : Nyamar,malih,entha-entha
  12. Ulese : wernane
  13. Mendah : kaya apa
  14. Mbujung : mbedhak,nututi
  15. Muksa : ilang saragane

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *