TRADISI PITONAN

 

    Upacara adat pitonan uga diarani tedhak siti. Tradhisi pitonan dianakake nalika bocah umur pitung lapan. Mungguh maknane, surasane ora liya, manungsa iku pancen isih ana gandheng cenenge, isih cedhak karo siti utawa lemah, tetembungan Jawane, mudhun menyang lemah.

      Ubarampe baku kang kudu ana ing upacara adat pitonan yaiku: bak isi banyu, topi janur, kurungan, jarit sidamukti utawa sidaluhur, jadah werna pitu, andha saka tebu ireng, lan payung. Wondene prosesine yaiku: upacara adat pitonan bisa kawiwitan yen kabeh piranti wis cumawis ing papan upacara. Kejaba iku, kang kajibah uga wis samekta, lenggah ing papan upacara.

      Ana ing upacara iki sing baku aweh pangerten bab adicara upacara adat pitonan kang pancen wis jumbuh banget karo perkembangane bocah, kang secara insting, si bocah kang wis ngancik umur pitu utawa wolung sasi wis kepengin tepung karo alam sakupenge. Wong tuwa kang nambahi, ndhidhik amrih si bocah saya ngerti marang apa kang kudu ditindakake, miturut nalurine serta kabutuhane si bocah dhewe.

Sabanjure, upacara adat pitonan kawiwitan sawise si bocah didusi. Banyune diwadhahi bak, diwenehi kembang setaman, kembang werna lima. Iki ngemu karep, amrih si bocah bisa suci atine, nduweni budi pekerti kang luhur. Dene kembang setaman ngemu teges: amrih si bocah bisa tansah manembah marang Gusti Allah. Bekti asih marang wong tuwa. Sungkem marang pinesepuh, simbah, budhe-pakdhe, bulik- paklik, lan sedulur tuwa. Ngurmati marang kabeh pihak keluwarga, sarta sumrambah, rumaket, nyumadulur marang sapa wae kang ana masyarakat/ tangga lsp.

       Yen wis didusi, disalini penganggo penganggo anyar. Rampung kuwi banjur dicekeli cakar lan buku, sarta ditopeni nganggo topi janur. Cakar lan buku ngemu karep, amrih si bocah ing tembe mburi kejaba pinter anggone sekolah uga bisa ceker, pinter golek dhuwit. Topi janur tegese: cahya, kareben sorote cahya (srengenge) nyehatake bocah.

       Yen wis disalini, banjur dikurungi, dilungguhake sedhela ana kurungan. Nalika bocah ana kurungan, dening dhukune direngeng-rengengi nganggo donga, amrih slamet sateruse. Ana jero kurungan si bocah dicekeli pitik lan pithi isi dhuwit receh. Pitik mau ngemu karep, mbesuke menawa wis diwasa, si bocah tansah bisa urip lan krasan ana ngendi-endi papan.

Bubar kuwi, si bocah diwetokake saka kurungan, banjur diemban dening ibune nganggo jarit sidamukti, utawa sidaluhur. Kang maknane, si bocah besuke bisa urip mukti, duwe drajad luhur, utawa kadunungan kabegjan, uripe ayem tentrem bagya mulya.

Bapake kang mayungi, ana burine si ibu, kang kirap ngubengi kurungan, kaping pitu. Kang maknane, pancen menawa isih bocah  durung diwasa, si bocah isih ana gendhongane ibu, pinayungan, diayomi dening bapa. Kang kabeh mau linambaran tresna asih kang tulus, njalari si bocah rumangsa ayem atine, rumangsa entuk katresnan kang sejati saka wong tuwa.

Wondene maknane ngubengi kurungan kaping pitu, besuke menawa wis diwasa, si bocah mecaki panguripan kanggo nggayuh pepenginan, kudu wani rekasa. Paribasane ngubengi jagad, turut pinggire segara, liwat alas, munggah mudhun jurang, kudu gelem nampa kanthi ikhlas.

Sarampunge ngubengi kurungan kaping pitu, diterusake adicara ngedum dhuwit receh marang bocah cilik-cilik kang melu ngestreni undangan Upacara Tedhak Siti. Iki ngandhut makna, amrih si bocah besuke duwe watak seneng sedhekah (sodakoh), loman, seneng tetulung marang sapepadhaning tumitah.

Bubar kuwi bocah diuculi saka gendhongane ibune, banjur dening Mbah Dhukune si bocah dituntun, dikongkon ngidak jadah werna pitu, abang, ijo, ireng, putih, kuning, bunder-bunder ditata tharik-tharik nuju menyang andha saka tebu ireng kang ana pitung tlundhakan, disendhekake ana kursi. Menawa wis ngidaki jadah, bocah mau banjur diunggahake menyang andha mbaka satlundhagan, nganti tekan pucuk, terus digendhong ibune. Mungguh maknane iki ora liya, kanggo nggayuh pepenginan nganti klakon nduweni kalungguhan kang dhuwur, katekan sedyane, kudu wani nguwot ogal-agil, wani rekasa, gelem ngadhepi sandhungan apa wae, menawa si bocah besuke wis diwasa. Mula andhane dipilih tebu ireng, tebu: manteb ing kalbu. Tebu ireng ngemu teges, si bocah bisa nduweni jiwa kang tangguh, kuwat ngadhepi tantangan apa wae, tahan banting. Apa maneh yen si bocah mau lanang. Dene ubarampe liyane kayata: jajan pasar werna pitu, jenang abang, jenang sengkala, tumpeng (buceng), minangka pangajab amrih si bocah sateruse bisa slamet nir sambekala, tansah pinayungan dening Gusti Allah.

Purnane adicara, sawise si bocah digendhong ibune tumuju omah, kairing bocah-bocah. Tekan ngarep omah dipapag lan digendhong dening bapake. Sabanjure dening bapake ditakoni, ”Oleh-olehmu sekolah apa, Le?” merga si bocah durung bisa omong, banjur diwangsuli dening ibune, ”Oleh-olehku sekolah kapinteran, Pak!”

 

 (Kapethik saperlune saka Panjebar Semangat No. 15, 14 April 2012 kaca 25-26)

Wangsulana Pitakon ing ngisor iki !

  1. Tradhisi pitonan utawa tedhak siti iku surasane apa 
  1. Bocah kang wis ngancik umur pitu utawa wolung sasi wis kepengin apa?
  1. Ubarampe baku kang kudu ana ing upacara adat pitonan iku apa bae?
  1. Upacara adat pitonan kawiwitan sawise si bocah didusi. Banyune diwadhahi bak, diwenehi kembang setaman, kembang werna lima. Iki ngemu karep apa?
  2. Ana jero kurungan si bocah dicekeli pitik lan pithi isi dhuwit receh. Iki ngemu karep apa?           
  1. Apa maknane ngubengi kurungan kaping pitu?
  2. Sarampunge ngubengi kurungan kaping pitu, diterusake adicara ngedum dhuwit receh marang bocah cilik-cilik? Ngemu makna apa
  1.   Bocah diunggahahe menyang andha mbaka satlundhakan. Apa maknane?

                   

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *