URIP TUMATA

Nalika Eyang Putri bingung nggoleki wadhah dondoman wis sawetara wektu ora ketemu-ketemu, banjur lenggah njegreg dheleg-dheleg kanthi pasuryan suntrut. Ibune Gadhing marani lan matur.

”Yang, sajakipun kok wonten ingkang dipunpenggalih, wonten menapa?”

Anak wedok nyedhaki karo mijeti geger.

”Barang sepele nanging nganyelake! Iki lho, arep ndondomi kebayakku sing dhedhel sithik lengene! Nanging nggoleki wadhah dondoman ora ketemu. Wis tak ubres sakamar iki! Nganti awakku lungkrah. Bokmenawa kowe sing nggawa, gawanen mrene!”

”Kula boten mbekta lho, Yang! Cobi lare-lare kula takenanipun!”

Awit bocah telu wis budhal sekolah kabeh, kepeksa ibune nggoleki ing kamare bocah-bocah. Tujune wadhah dondomane Eyang kepethuk ing kamare Diyan, putu penggulu. Barang sing digoleki ngglethak ing meja sinau, ora ditutup maneh kaya maune. Sajake kesusu-susu ndondomi apa ta apa, nalika arep budhal sekolah mau.

”Bocah-bocah ki ora kulina urip tumata. Mula wulangen ta, Ndhuk!” ngendikane setengah nutuh anake wedok, kang pancen rumangsa luput. Wektune entek kanggo mergawe, kang njalari wektu kanggo bawarasa lan nggegulang anak meh ora ana. Mulih  kerja wis kesel, butuhe mung turu.

Urip tumata utawa tertib ing basa Indonesiane, mujudake tindak tanduk kang tumata, manut aturan, ajeg, miturut aturan tinamtu kang mratelakake yen wong sing tumata mesthi disiplin. Mula iku, prayoga banget  yen bocah-bocah wiwit cilik digulawenthah supaya uripe kulina tumata, tertib.

Sing magepokan karo urip tumata ora mung nyeleh samubarang sing ajeg supaya gampang golek-golekane satemah ora mbuwang wektu lan tenaga kang muspra, nanging uga kang magepokan karo ngemonah wektu, kang yektine paling angel, sarta sesambungan karo wong liya jroning bebrayan.

Nyeleh barang

Ing bab nyeleh barang, luwih prayoga yen papane ajeg. Awit apa? Kanthi mengkono yen nggoleki kari njujug ora ngentekake tenaga lan wektu kaya wong bingung. Upamane nyeleh kunci, ana kunci lawang, kunci lemari, kunci sepedha motor, kunci mobil lan sapanunggalane. Semono uga kang magepokan karo penganggo, upamane ing endi papane meme andhuk, mepe sandhangan njeron, lsp. Dene sing magepokan karo piranti nyambut gawe utawa sekolah. upamane sepatu, becike dipapanake ing panggonan kang ajeg. Dene kaose sikil, yen durung wayahe ngumbah, prayoga dilebokake ing jerone sepatu, aja nganti pisah, supaya gampang golek-golekane. Mengkono uga piranti nulis, becike diwadhahi (adate kothak) kang bisa disimpen ing jero tas. Dene nyelehe tas kudu dikulinakake ing meja sinau utawa meja kerja. Sokur bage bisa digantung, satemah ora ngentekake papan ing meja.

Mangkono sapiturute, klebu piranti olah-olah. Nyeleh sendhok garpu lan peso (lading) luwih becik yen tetep nggone. Piranti resik-resik kaya ta sapu, sulak lan sapiturute becike uga ajeg. Tumrap para kadang sing daleme susun, prayogane yen piranti resik-resik antarane omah dhuwur lan ngisor dibedakake dhewe-dhewe. Awit apa, upama arep nyapu jogan dhuwur yen kudu njupuk menyang ngisor uga butuh tenaga lan wektu. Barang wigati sing kerep ngentekake wektu antara liya nggoleki gunting sarta kethokan kuku. Awit regane ora larang, prayoga yen saben uwong duwe dhewe-dhewe, klebu piranti kanggo dondom. Ngenani piranti dondom iki prayogane diseleh ing lacine mesin jait, utawa  laci meja.

 

Ngemonah wektu

Ing jagading manajemen, sumber manajemen kang dumadi saka manungsa, srana, dana sarta wektu, diakoni yen sing angel dhewe iku ngemonah wektu. Awit wektu ora bisa dilar utawa diungkret, sedina suwengi panggah 24 jam.

Mula iku, luwih wigati, becike dikulinakake tumata ing babagan nggunakake wektu. Luwih becik kulina tangi esuk, supaya nalika nyamektakake sekolah utawa ngantor ora kesusu-susu. Adate, yen saomah kabeh ninggal omah saperlu makarya utawa sekolah, adus bae kudu antri, wigatine antri adus. Mokal ta saben uwong duwe kolah dhewe-dhewe. Kejaba yen saben kamar ana jedhinge. Nanging kabeh mau bisa lumaku kanthi rancag sauger kabeh padha lenggana tangi esuk. Yen kulina sarapan, becike uga ajeg wektune. Wong jaman saiki dalane tansah rame/ macet, dadi kudu pinter tenan ngetung wektu saka omah menyang sekolahan utawa kantor, supaya ora kasep.

Sawise kabeh budhal ninggalake omah, apa urusan wektu wis rampung? Durung karuwan. Kabeh isih butuh mangan awan, kang wektune kudu ditata. Bocah saiki butuh les ika iki. Kabeh mau becik bae, sauger bocah dibantu ngatur wektune supaya bisa leren. Tumrape bocah-bocah, kudu duwe wektu kanggo dolanan sarta wektu longgar. Candhake, sajake iki sing paling angel ngature. Wektu kanggo sinau, nonton tv sarta turu. Aja nganti bocah ora sinau awit kesengsem ndeleng teve. Malah lali nggarap PR, wis ngono tangine mbangkong. Apa maneh yen supaya tangi nggugahe bae jam-jaman karo nggedhor lawang, nganti tangga kiwa tengen padha brebegen. Wiwit SD nganti meh mlebu perguruan tinggi saben dina ibune ajeg bengok-bengok. Kok ya ora bosen. Bocah kang mangkene becik dijak bawa rasa, piye karepe. Yen ora  bisa tangi esuk ya diumbar bae, ben ngrasakake oleh ukuman ing  sekolahan. Yen saben dina dikulinakake nggedhor lawang, iku ora aran ndhidhik anak.

 

Ngemonah dhuwit

Ngemonah (mengelola) dhuwit iku gampang-gampang angel? Jare sing dhuwite akeh gampang. Jaman saiki ATM (dijarwakake ing basa Indonesiane Anjungan Tunai Mandiri) ing endi-endi ana. Sing mbebayani ki rak yen kanggo kaperluan kang ora sepiraa wigati sithik-sithik njupuk dhuwit ing ATM. Utawa, yen blanja wiwit sing remeh-remeh nganti sing wigati nggunakake kartu kredit. Sing ndrawasi yen tagihane ngluwihi pengasilan. Najan jenenge gagah, kartu kredit mono yektine utang, lan mesthi ana anakane. Lha ya anakan iki sing kala-kala gunggunge ngluwihi karo utange.

Mula iku, ing bab ngemonah dhuwit, aja gampang utang, nanging kudu nyelengi, kanthi disiplin. Yen duwe rancangan tuku barang luwih becik keklumpuk dhisik. Supaya ora gampang dijupuk yen nyelengi becike ing bank. Jroning bebrayan sarta ngemonah bale wisma, bab kang kudu dikemonah kanthi tumata isih ditintingi dhewe-dhewe. Nanging ya kuwi, macan galak, mangsa boronga.

(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 13, 31 Maret 2012)

Wangsulana Pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama !

  1. Apa kang ditindakake ibune Gadhing nalika weruh Eyang Putri lenggah njegreg dheleg-dheleg?
  2. Barang sing digoleki Eyang Putri ketemu ing endi?
  3. Ngapa Eyang Putri setengah nutuh/ngluputke ibune Gadhing?
  4. Apa sing kudu dikulinakake supaya bisa nggunakake wektu kanthi tumata? Apa tujuane?
  5. Kepriye carane ngemonah (ngatur/mengelola) dhuwit kanthi becik?

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *