Nyandra iku tegese nggambarake/nyritakake panggonan/negara, kahanane swasana, kahanane

mangsa, utawa kahanane solah bawa nganggo pepindhan kanthi tembung lir, kadya, pindha, kaya, utawi kadi.

            Tuladha :

            Bun-bun sumunar pating karelip lir mirah retna sinebar

            (Bun-bun sunare padha pating krelip kaya mutiara disebar)

Candrane Perangane Awak kang Becik ( Putri Endah Warnane ):

  1. Alisé : nanggal sêpisan
  2. Astané : nggêndhéwa
  3. athi-athiné : ngudhup turi
  4. awake : ramping
  5. bangkèkané : nawon kêmít
  6. bathuké : nyêla cendhani
  7. bókóngé : manjang ngilang
  8. bréngosé : nglalêr ménclók
  9. bréngosé : ngulêr kèkèt
  10. cahyané : sumunu/sumunar
  11. cahyané : ngalêntríh
  12. drijiné : mucuk êri
  13. godhègé : simbar rumêmbun
  14. guluné : ngêlung gadhúng
  15. guluné : ngolan-olan
  16. èsêmé : kaya madu
  17. èsêmé : pahít madu
  18. idêpé : tumênga ing tawang
  19. irungé : kencana piñatar
  20. irungé : mbangír
  21. irungé : ngudhúp mlathi
  22. janggut : lir antiga
  23. kémpólé : ngêmbang pudhak
  24. kémpólé : nyikíl walang
  25. kuning : ambangkle keris, kuning nemu giring
  26. lakuné : macan 1uwé
  27. lakuné : magêr timun
  28. lèmbèhané : mblarak sêmpal
  29. lambéné : manggís karêngat
  30. lambéné : nggula satêmlík
  31. lêngêné : nggandhéwa pinênthang
  32. mripaté : blalak-blalak
  33. mripaté : ndamar kanginan
  34. nétrané : liyêp alindri
  35. pakulitané : ngulit langsêp
  36. pakulitané : irêng manís
  37. pamuluné : ambênglé kiris
  38. pamuluné : prada binabar
  39. pawakané : gagah pidêgsa
  40. pawakané : ramping
  41. pipiné : ndurèn sajuring
  42. polatané : ruruh jatmika
  43. praèné : sumunar
  44. pundhaké : nraju êmas
  45. rai : nedheng hamaesan
  46. rambuté : ngandhan-andhan
  47. rambuté : ngêmbang bakúng
  48. sinómé : micís wuncah
  49. sinómé : mbibís mabúr
  50. slirané : sidhêt singsêt
  51. solahé : mêrak ati
  52. susuné : nyêngkir gadhing
  53. swarané : ngombak banyu
  54. tangané : nggandhewa pinenthang
  55. tungkaké : bunder lir jinångkå
  56. ulaté : sumèh/sumunar
  57. untuné : miji timún
  58. untuné : ngêlar kombang
  59. wangé : ngungkal gênang
  60. wangé : nyangkal putúng
  61. wataké : andhap asór
  62. wêntisé : mukang gangsír
  63. wêntisê : ndamèn mêtêng

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!