Tembung “pepindhan” asale saka tembung “pindha” karangkep purwane lan oleh panambang an.

Pindha ateges  kaya, lir, kadya, pendah.

Sing diarani pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, emper-emperan.

Tuladha :

  1. Grana rungih pindha kencana pinatar, Tegese irung kang cilik bangir meleng-meleng kaya emas(kencana) kang dielus.
  1. Tandange kaya jangkrik mambu kili. Tegese polah tingkahe usreg kaya jangkrik yen dikileni supaya galak.

Daftar Pepindhan ana ing Basa Jawa.

A
01. Abang kumpul pådhå abang – kåyå alas kóbóng
02. Abangé – kåyå gódhóng katirah
03. Agungé – kåyå samodra rób
04. Akèhé pêpati – kåyå babadan pacíng
05. Akèhé pêpati – kåyå sulúng lumebu gêni
06. Akèhé lêlara – kåyå kêna pageblúk
07. Ali-aliné – nggunúng sapikúl
08. Alusé – kåyå sutra
09. Antêngé – kåyå têmantèn ditêmókaké
10. Ayuné – kåyå Dèwi Ratíh

B
11. Bagusé – kåyå Bathårå Kamåjåyå
12. Bangoné – awangun gêdhang salirang
13. Banteré – kåyå angin
14. Bêbêdané – ngadhal mèlèt
15. Bédané – kåyå bumi karo langít
16. Bêgjané – kåyå nêmu êmas sakêbo
17. Bêgjané – kåyå nêmu cêmpaka sawakúl
18. Bungahé – kåyå kêtiban ndaru

C
19. Cahyané bingar – kåyå lintang johar
20. Cahyané nglêntríh – kåyå rêmbulan karainan
21. Cêp klakêp – kåyå óróng-óróng kêpidak
22. Cêthilé – kåyå cinå craki
23. Cumlórót – kåyå lintang alihan
24. Cumlórót – kåyå ndaru

D
25. Dalané – nggêgêr sapi
26. Dalane – mbathók mêngkurêb
27. Dawane barisan – kåyå séla brakithi
28. Dêdêgé – ngringin sungsang
29. Dhuwure – kåyå othak othak méga
30. (n)Dómblóng – kåyå sapi ómpóng

G
31. Gagah prakósó – kåyå Radèn Werkudårå
32. Galaké – kåyå macan manak
33. Galaké – kåyå butå
34. Gampangé – kåyå êmpal pinêcók
35. Gêlungané – ngadhal mènèk
36. Gêlungané – minangkårå
37. Gêlís – kåyå banyu sinaríng
38. Gêndhwané – awangun kadhal mêtêng
39. Gêrêng-gêrêng – kåyå singå antók bayangan

I
40. Ijo kumpúl pådå ijo – kåyå bèthèt sayutå
41. Irêng kumpúl pådhå ireng – kåyå gagak rêraton

J
42. Jangguté – pindhå tawon gumantúng
43. Jogedê – kåyå mêrak kasimpír
44. Jogedê – mucang kanginan

K
45. Kagèté – kåyå tinubrúk ing wóng lêpat
46. Kaku – kåyå kênå nggo pikulan
47. Kêkêjêré – kåyå manúk branjangan
48. Kênèsé – kåyå Dèwi Srikandi
49. Késité – kåyå kadhal
50. Kêpinginé – kåyå nyidham cêmpalúk
51. Klular-klulúr – kåyå tuma kathók
52. Kopat-kapit – kåyå buntút ula tapak angín
53. Kuning – kåyå êmas sinanglíng
54. Kuníng kumpúl pådhå kuníng – kåyå podhang reratón

L
56. Lakuné nusúp-nusúp – pindhå ayam alas
57. Landhêpé – pitúng pinyukúr
58. Lêlêwané – milangoni
59. Lír sato munggíng – rimbagan
60. Luruhé – pindhå Dèwi Sembådrå

M
60. Mêndhak-mêndhak – kåyå sato mèmèti
61. Midêr-midêr – kåyå undar
62. Milíng-milíng – kåyå jangkúng
63. Mlakuné mundúr – kåyå mungkúr gangsír
64. Mlakune – ngódhók

N
65. Nangisé ndrêngêngêng – kåyå rasé
66. Nangisé – ngóróng-ngóróng
67. Nuturi wong pintêr – prasasat ngajari bèbèk nglangi
68. Nyêngité – kåyå dhêmít

P
69. Padhangé – kåyå rinå
70. Pådhå plêg – pindhå jambé sinigar
71. Panasé – kåyå mêcah-mêcahnå sirah
72. Pênggalihé pådhå – pindhå suruh lumah lan kurêp, yèn dinulu séjé
rupane, yèn ginigít pådhå rasané
73. Pariné – gumadhúng
74. Pariné – ngêmpíng
75. Pariné – nêdhêng gumadhúng
76. Pêtêngé – ndumúk irúng
77. Pintêré – kåyå biså njårå langít
78. Pinteré – kåyå biså nyancang angín
79. Pipané rókók – mênyu
80. Pipiné – kåyå tomat matêng
81. Polahé – kåyå gabah dèn interi
82. Polahé – kåyå kuthúk kélangan babón
83. Polahé – ngaru napúng
84. Polatané mbranyak – kåyå Radèn Kåkråsånå/Såmbå
85. Putíh kumpul pådhå putih – kåyå kúntúl nêbå
86. Putíh mêmplak – kåyå kapúk diwusóni

R
87. Rakêté – kåyå sadulur sinårå wèdi
88. Raméné – lir prahårå nêmpúh wukír
89. Raméné surak – mbåtå rubúh
89. Rikaté – kåyå angin
90. Rukunê – kåyå mimi lan mintunå
91. Ruruhé (wóng lanang) – kåyå Raden Janåkå
92. Ruruhé (wóng wadón) – kåyå Dèwi Sembådrå
93. Rupané kêmbar – pindhå jambé sinigar

S
94. Salaké- mêdhi (masír)
95. Sambaté – kåyå nggrantang
96. Sambaté – ngaru årå
97. Sênêngé – kåyå bubúk olèh lèng
98. Sêntoså bangêt – kåyå jangèet kinatêlon
99. Sowané mêndhak-mêndhak – kåyå satå manggíh kråmå
100. Suguhané – mbanyu mili
101. Sumbaré – kåyå biså mutúng wêsi g1igèn
102. Sumbaré – kåyå wani ndilat wêsi abang
103. Suwèké – nyangkêm kódhók
104. Swarané – kåyå gêlap ing mångåa kapat
105. Swarané – kåyå mbêlah-mbêlahnå bumi

T
106. Tandangé cukat – kadyå kilat, kesít kadya thathít
107. Tandangé – kåyå banthèng kêtaton
108. Tandangé – kåyå jangkrík mambu kili
109. Tandangé – kåyå sikatan nyambêr walang
110. Tåpå – ngalong; ngidang; nyantuka
111. Tékadé – kåyå gêni lan urupé
112. Tékadé – kåyå madu lan manís
113. Têpungé kalís (kêkancané) – kåyå banyu karo lêngå
114. Thingak-thinguk – kåyå kêthèk ditulúp
115. Tindaké – nusúp ngayam alas
116. Tulisanê – awangun kêtumbar (aksårå Jåwå)

U
117. Ulêsé – ngêmbang asêm (kucíng)
118. Ulêsé – ngêmbang durèn (jaran)
119. Untabé – kåyå samodra rob
120. Utangé – nyundhúl êmpyak
121. Utange – turút usúk

W
122. Wangsulané – saúr manúk
123. Wanguné – kåyå dårå gêpak
124. Wiragané – nênangi bråtå
125. Wrangkané – gayaman

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *