Sengkalan yaiku pengetan angkaning taun kang arupa tetembungan utawa gambar.

Miturut dhasar petungan taun sengkalan di bedakake dadi 2:

  1. Sengkalan candra sengkala yaiku sengkalan kang nganggo dhasar petungan lakune rembulan
  2. Sengkalan surya sengkala yaiku sengkalan kang nganggo dhasar petungan lakune srengenge.

Miturut wujude sengkalan iku ana warno loro:

  1. Sengkalan lamba yaiku pengetan angkaning taun kang arupa tetembungan.

  2. sengkalan memet yaiku pengetan angkaning taun kang arupa gambar utawa pepethan.

Katerangan :

Carane nemtokake angka taun iku saka tengen mangiwa.

Perlune pengetan taun nganggo tetembungan (sengkalan) kayata:

  1. Bisa kasalarasake karo prastawa utawa lelakon kang dipengeti.

  2. Gampang dieling-eling lan angel laline.

Kang dirembug ing kene mung mligi sengkalan lamba, yaiku angkaning taun kang dipengeti nganggo tetembungan, kang lumrahe digunakake dening wong-wong Jawa  ing jaman biyen. Ing jaman saiki arang banget kang migunakake.

Dene tembung-tembung kang kanggo sengkalan iku mung tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan, kayata:

  1. watak siji : barang kang cacahe siji, barang kang awangun bunder: bawana, bumi, srengenge, rembulan, jagad, Gusti Allah lan dasanamane,  janmamanungsa,aji,manunggil,tyas,nata,raja,samadi.
  2. watak loro : barang kang cacahe loro (mripat, tangan, kuping, lsp),ro,nembah.

  3. watak telu : geni, barang-barang kang mawa geni (panas),putri,guna,pawaka.

  4. watak papat     : banyu, tembung-tembung kang ateges gawe,kawarna,jala,kerta,suci.
  5. watak lima       : buta, panas, angin,tata,yaksa.
  6. watak enem : araning rasa, tembung-tembung kang ngemu surasa obah, tembung-tembung kang ateges kayu, araning sadpada (kewan sikile 6),wreksa.

  7. watakpitu:pandhita,gunungpitu,nunggang,jaran,sabda,gora,swareng,wiku,tinunggangan,resi,wulang.

  8. watak wolu : gajah, kewan rumangkang (reptil),naga.

  9. watak sanga    : dewa, barang-barang kang dianggep bolong (gapura), terus,song,manjing,muka
  10. watak das (nol): tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, ilang, langit, utawa dhuwur,muluk,sirna,sudha,gegana.

Dene pandhapuke tembung-tembung kang ana ing sengkalan iku nganggo paugeran cacahe 8, yaiku:

  1. Paugeran Dasanama

         Tembung-tembung kang tegese padha (nunggal misah) kaanggep                      padha watak wilangane, kayata :

                 Pretiwi = kisma = pratala – 1

                 Angkasa = langit = dirgantara – 0

  1. Paugeran Sastra (tulisan)

         Tembung-tembung kang padha panulise,  kaanggep padha watak                      wilangane, kayata :

                Esti (gajah) = esthi (sedya) – 8

  1. Paugeran wanda

          Tembung-tembung kang duweni wanda padha,  kaanggep padha                     watak wilangane, kayata :

                 Dadi = waudadi (segara) – 4

  1. Paugeran warga

          Kang nunggal warga (golongan) dianggep padha watak wilangane,                  kayata :

                 Ula = baya – 8

  1. Paugeran karya (pakarti)

          Baran karo pakartine  dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Mripat = mandeng – 2

  1. Paugeran sarana (piranti)

         Piranti lan gunane dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Ilat = rasa = pait – 6

  1. Paugeran sipat

          Barang karo sipate dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Geni = panas – 3

  1. Paugeran jarwa (teges)

         Tembung lan tegese dianggep padha watak wilangane, kayata :

                 Retu = oreg = geger = obah – 6

Tuladha  sengkalan :

 

Sengkalan-sengkalan iki nuduhake taun pira kanthi milih wangsulan sing ana ing ngisor iki !

  1. Sirna ilang kertaning bumi

                 ______________________________________________________________

  1. Resi suci trus samadi

                 ______________________________________________________________

  1. Sapta catur wulang janmi

                 ______________________________________________________________

  1. Nembah terus tataning Gusti

                 ______________________________________________________________

  1. Tri naga manjing bantala

                 ______________________________________________________________

  1. Dwi Naga rasa tunggal

                _______________________________________________________________

  1. Song-song gora candra (Serat Cemporet)

                 _______________________________________________________________

  1. Gegana muka matendhu (Gajahmada seda)

                 _______________________________________________________________

  1. Sanga kuda suddha candrama (Serat Bharatayudha)

                 _______________________________________________________________

  1. Api-api tangan tunggal (Jayanegara jumeneng nata)

                 _______________________________________________________________

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *