Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (tulisane) mawa teges wantah, lan ora ngemu surasa pepindhan.
tegese wong kang ngedir-edirake kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane.2. Ana catur mungkur
tegese ora gelem ngrungokake ( mraduli) rerasaning liyan kang ora prayoga,kang bisa uga njalari tuwuhing padudon utawa regejegan.
3. Anak anung anindhita
tegese Anak kang njunjung drajating wong tuwa, amarga nduweni kalungguhan/pangkat
4. Anak polah, bapa kepradhah
tegese wong tuwa nemu reribet amarga saka polahe anak
5. Baladewa ilang gapite
tegese ilang kaluhurane
6. Bapa kesulah anak kepolah
tegese anak duwe kuwajiban tanggung jawab marang perkarane bapake kang wis tinggal donya.
7. Becik ketitik ala ketara
tegese tumindak bener utawa salah tembe mburine bakal ana undhuh-undhuhane
8. Blaba wuda
tegese saking lomane nganti awake dhewe kecingkrangan
tegese sanajan kurang kepinteran/bodho nanging wis kerep nindakake, asile luwih apik tinimbang sing pinter nanging durung tau nindakake.
10. Bubuk oleh leng
tegese duwe niyat ala oleh dalan
11. Busuk ketekuk ,wong pinter keblinger
tegese wong sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilakane.
12. Ciri wanci lelai ginawa mati
tegese duwe cacad/ pakulinan ala ora bisa mari/ilang nganti tumakaning pati
13. Criwis cawis
Tegese diprentah, laire sajak wegah nanging batine sumadya lan nindakake tenan.
14. Dahwen ati open
tegese nacad barang darbeking liyan nanging sejatine duwe melik marang barang sing dicacad.
15. Demit ora ndulit setan ora doyan
tegese tansah slamet, ora ana pangganggu gawe sing bisa tumama (ngenani).
16. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat
Tegese Wis ora kena diendhakake (dipenggak) kekakarepane.
17. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan
tegese wong liya nanging yen nganti nandhang ora kepenak mesthi dibelani
18. Durung becus keselak besus
tegese Durung pinter sekolahe, wis duwe pepinginan sing ora-ora
19. Durung ilang pupuk lempuyange : Dipadhakake bocah cilik ( isih nganggo pipisan pupuk lempuyang ing embun- embunane)
20. Golek-golek ketanggor wong luru-luru
Tegese Nembung golek utangan marang wong liya, jebul wong sing ditembungi uga lagi arep ikhtiyar golek utangan.
21. Giri lusi jalma tan kena kinira
tegese ora kena ngina marang wong liya
22. Gliyak-gliyak tumindak sareh pikoleh
tegese alon-alon olehe tumindak nanging kaleksanan sedyane
23. Golek-golek ketanggor wong luru-luru.
tegese karepe arep golek-golek malah di jaluki
24. Jalukan ora wewehan
tegese seneng njaluk nanging ora gelem menehi
25. Kadang konang
tegese Sing diaku sedulur mung sing sugih-sugih/pangkat-pangkat
26. Kalah cacak menang cacak
Tegese Samubarang apa bae bisa nindakake lan orane sawise dicoba, mulane aja kandha ora bisa sadurunge dicoba luwih dhisik.
27. Kendel ngringkel , dhadhag ora godak
tegese ngakune pinter lan kendel jebule bodho lan jirih
28. Kebat kliwat gancang pincang
tegese Tumindak kang kanthi kesusu, wusanane kleru
29. Kegedhen empyak kurang cagak
tegese kegedhen kekarepan nanging ora sembada
30. Kepalu ketutu ( kepenthung )
tegese oleh kasangsaran kang matumpa tumpa(terus2an)Keplok ora tombok : Gelem melu ngrasakake senenge nanging ora melu ngetokake wragad (emoh kelangan ragat).
31. Kineban lawang tobat
tegese wis ora oleh pangapura saka pangeran
32. Kriwikan dadi grojogan
tegese prekara cilik dadi prekara gedhe ngambra-ambra
33. Lengkak lengkok ora wurung ngumbah popok
tegese wong wadon ditari omah2 ing sakawit ora gelem wusanane gelem lan klakon duwe anak
34. Mbidhung api rowang
tegese arep ngrewangi malah ngrusuhi
35. Nandur pari jero
tegese Gawe kabecikan, ing tembe buri bakal ana pikolehe
36. Njunjung ngentebake
tegese ngalembana nanging duwe niat ala.
37. Ora narima ing pandum
tegese ora narima ing pepesthene Kang Maha Kuwasa
38. Sapa salah seleh
tegese Sing sapa nindakake kaluputan, bakal konangan
tegese saka puji pandongane wong akeh muga-muga bisa klakon temenan.
40. Sepi ing pamrih rame ing gawe
tegese tanpa duwe pamelik apa-apa, tumindak ing gawe kanthi kamempengan
41. Tuna satak, bathi sanak
tegese rugi bandha nanging bathi sedulur
42. Tulung menthung
tegese aweh tetulung nanging wusanane malah gawe rekasane wong kang di tulungi
43. Ulat madhep ati karep
tegese gegayuhan iku kudu dikantheni anteping ati
44. Undhaking pawarta sudaning kiriman
tegese kabar iku lumrahe saya ngambra-ambra(mundhak saka nyatane, nanging yen kiriman lumrahe suda/kalong).
45. Welas temahan lalis
tegese welas marang wong wusanane malah gawe cilakane wong sing di welasi ( amarga saka rasa welase temahan nandhang kapitunan dhewe .
46. Wiwit kuncung nganti gelung
tegese wiwit isih bocah ( cilik ) nganti tumekane diwasa
47. Yitna yuwana lena kena
tegese sapa sing ngati-ati bakal slamet sapa sing sembrana bakal cilaka.