JAKA BODHO

            Nalika semana,ana omah siji sing mencil dhewe. Ing omah iku manggon mbok randha lan anake lanang siji. Anake lanang wis jaka,umur-umurane udakara wis ana rong puluhan taun. Nanging isih bodho banget. Ora gelem nyambut gawe mbantu wong tuwane,senengane isih dolanan karo bocah cilik-cilik.
            Mbok Randha bingung. Anake lanang sing wis jaka mau banjur di tukokake kebo. Karepe Mbok Randha supaya anake gelem angon. Nanging saben anake lanang jaka mau di kongkon angon kebone malah mbantah,ora gelem. Geleme yen kanthi cara di bujuk-bujuk.
            “Ora nang. Kowe ora dakkongkon angon. Lha bocah bagus jare angon. Nanging kebo iki mung tutake wae saka mburinan. Di awat-awati saka kadohan. Yen lunga adoh di penggak. Cekake kebo iku kancanana yen pinuju nyenggut suket ana ing lurung utawa alas.”
            Elok. Kanthi tembung sing kaya mangkono mau anake lanang banjur gelem angon kebone. Pancen dhasare bocah bodho di kongkon angon ora gelem nanging yen di kongkon ngetutake lan ngancani kebo, gelem. Ya jalaran saka bodhone anake lanang Mbok Randha mau mula banjur kaceluk Jaka Bodho.
            Jaka bodho,nalika lagi angon kebo ana ing tengah alas,ngerti ana wong wadon nom-noman ayu sumendhe ing wit gedhe. Wong wadon mau miturut anggepane si Jaka Bodho lagi turu kepati,mula bajur di gugah. Nanging panggah ora gelem tangi. Jalaran sejatine wong wadon mau wis mati.
            Grenenge si Jaka Bdho, “wong wadon ayu-ayu kok turu sak nggon-nggon,lan angel di gugah.”
Wong wadon isih nom-noman tur ayu mau banjur di bopong di jak bali mulih menyang omahe si Jaka Bodho. Kebone di tinggal glanggang. Tanpa di ngerteni dening simboke Jaka Bodho ngglethakake wong wadon mau sing di anggep turu angkler. Diglethakake ana ing paturone si Jaka Bodho dhewe. Banjur si Jaka Bodho arep bali maneh menyang tengah alas ngancani kebon mangan suket. Si Jaka Bodho ninggal wekas,”Wis ya ndhuk cah ayu,aku arep bali ning tengah alas ngancani kebone simbok . turua sing kepenak.”
            Ing batin si Jaka Bodho rumangsa seneng. Jalaran dheweke rumangsa nemu bojo ayu. Bali saka anggone angon,lawang akamare di bukak.
            Batine si Jaka Bodho maneh” Lho,isih turu ta bojoku?” Bengine si Jaka Bodho ngguya-ngguyu cekikak-cekikik dhewe. Rumangsane lagi ngakak guyon marang wong wadon sing di anggep turu kepati mau. Dheweke babar pisan ora ngerti yen sejatine wong wadon mau wis mati.
            Kedadean sing kaya mengkono mau di lakoni si Jaka Bodho nganti tekan pirang-pirang bengi.saben bengi si Jaka Bodho mung tansah cekikikan wae. Kocapa,wong wadon ayu sing wis mati mau suwe-suwe banjur ngganda bacin. Simboke ora ngerti,jalaran saben si Jaka Bodho metu saka kamar lawange di kunci saka njaba. Nganti sawijining dina si Jaka Bodho kandha marang simboke.
“Mbok….mbok,aku arep entuk bojo ayu banget,mbok?” 
“Bojo? Entuk bojo sapa?”
“Bojo wong ayu. Olehku nemu ana ing tengah alas.”
“Lho,boj kok nemu?”
“Tenan kok mbok. Lho kae bojoku lagi turu angkler ana ing kamarku.”
Simboke Jaka Bodho banjur di ajak mlebu kamare di tuduhi bojone. Sakala simboke alok.
“ wadhuh nang. Iki mono wong wis mati.”
“Lho,simbok iki piye ta? Iki bojoku olehku nemu dhew ing tengah alas kok!”
“iki mono wong wis mati ya nang.”
“Kok bisa  mbok?”
“Ya,yen ana wong sing wis mati ngganda bacin ngene iki tandhane wis mati. Kudu dikubur! Lha mula pirang-pirang ndina aku kok nggganda banger. Dak kira lagi ana bathang ing sacedhake omah kene.” Kandhane simboke.
“Wis, nang, kuburen wae wong iki.” Prentahe simboke.
Senajan rumangsa gela,wong mati sing di kira turu dening Jaka Bodho mau banjur kapeksa di kubur.
Ndrawasi banget kahanane si Jaka Bodho. Nalika wektu surub,simboke dhewe di glandhang peksan di jak metu. Simboke jerit-jerit . Nanging si Jaka Bodho, sing pancen bodho tenan iku isih meksa ngglandhang simboke dijak menyang tengahe alas.
“ Ayo,mbok. Kowe kudu manut aku . kowe bakal dakkubur,jalaran kowe wis mati.” Aloke si Jaka Bodho karo tetep ngglandhang simboke.
“ Ora, nang . aku sisih urip!” jerite mbok randha.
“Ora mati piye? Lha genah yen kowe wis mati kok mbok. Kowe wis ngganda bacin nalika kowe ngobos mau.”
Tangane mbok randha bias uwal saka pangglandhange Jaka Bodho. Banjur mbok randha mlayu jerit-jerit njaluk tulung tangga-tanggne. Senajan rada adoh dununge tangga-tanggane,jakaran saking banter anggone njerit mbok randha,mula tangga-tanggane banjur pating gruduk, padha teka. Tangga-tanggane akeh sing padha gedheg-gedheg,gumun banget. Lan uga akeh sing rumangsa prihatin marang kahanane si mbok randha lan si Jaka Bodho.
Sawetara wektu,mbok randha di ungsekake turu ana ing omahe tangga. Kuwatir yen samangsa-mangsa di glandhang maneh dening si Jaka Bodho,di anggep simboke wis mati. Jaka Bodho ana ing omahe dhewekan.
Esuk umun-umun,si Jaka Bodho wis negori wit gedhang sing durung uwoh.gedeboge banjur di kethok-kethok,di i sunduki digawe gethek. Gethek mau banjur dijegurake ana ing kali sacedhake omahe. Si Jaka Bodho banjur numpak gethek mau. Miturut penemune Jaka Bodho, dheweke uga wis mati,jalaran nalika dheweke ngobos ,gandane bacin. Nanging senajan dheweke rumangsa wis mati,dheweke wegah di kubur. Mula banjur ngentir ana ing kalikanthi numpak gethek. Mripate kala-kala di remake. Nanging, nalika mripate bali melek byar………. Dheweke weruh wit jambu sing thukul ana ing gampeng kali. Wit jambu mau pating genteyong.jalaran lagi uwoh akeh banget,tur mateng-mateng.
Si Jaka Bodho nggremeng dhewekan: “ wih ,wit jambu mateng-mateng. Eman jambu sing padha menter-menter kae aku ora bias njupuk jalaran aku wis mati. Saupama aku isih urip jambu-jambu mau mesthi bakal dak jupuki dak pangan. Mendah manis lan segere.”
Getheke si Jaka Bodho ngentir maneh,adoh banget. Ing gampeng liya ana wit gedhang sing gedhange uga mateng-mateng. Si Jaka Bodho uga nggremeng maneh,” wah,wetengku wis luwe banget. Ika ya ana gedhang pating genteyong mateng-mateng. Nanging eman, aku wis mati.” Dheweke terus kentir katut ilining banyu lan mati amarga saka bodhone dhewe.
                                                                                    ( Pethikan saka Panjebar Semangat )

Wangsulan pitakon ing ngisor iki !

  1. Yen ngrasakake anake lanang Mbok Randha dadi bingung. Apa sebabe?
  1. Ngapa anake lanang Mbok Randha diarani Jaka Bodho?
  1. Jaka Bodho ngguya-ngguyu cekikikan dhewe. Kepriye rumangsane?
  1. Sebab apa Jaka Bodho ngglandhang Simboke arep dijak menyang tengah alas?
  1. Ing pungkasane cerita kepriye nasibe Jaka Bodho? Apa sebabe?

   

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *